Wenehi Anies Wayang Gunungan, Ki Anom Suroto Dongakne Anies Dadi Presiden

Esai619 Dilihat

Mudabicara.com_ Sapa sing ora kenal jeneng Ki Anom Suroto? Ki Anom dalang paling kondang Sak Indonesia. Ki Anom, kalebu daftar telu dalang paling jos wayang kulit ning Indonesia. Ki Anom siji-sijine dalang Indonesia sing tau ngubengi dunya ndalang ning limo benua.

Ki Anom tau ndalang ning Amerika, Jerman, Jepang, Spanyol, Rusia, Australia, India, Mesir, Nepal, lan akeh negara liyane. Mergo kiprahe majoknho wayang lan budaya Indonesia, Ki Anom oleh anugerah Satya Lencana Kebudayaan songko pamarentah RI.

Tengah wulan November 2022, Anies Baswedan sowan omahe Ki Anom Suroto ning Solo. Ketemuan iku dudu barang aneh. Anies iku wes seneng wayang kat biyen lan cedhak karo tokoh-tokoh pedalangan ning Indonesia.

Baca Juga : Forum Kakbah Membangun Dukung Anies, Bagaimana PPP?

Anies Sowan Ki Anom Suroto

Pas Anies sowan daleme Ki Anom Suroto, ana momen apik ning njero ketemuan iku. Anies oleh kenang-kenangan songko Ki Anom arupa wayang gunungan.

Akeh dho ngerti, wayang gunungan sing diwenehke iku wayang sing paling disenengi Ki Anom sing biasa dienggo ndalang ning luar negeri. Wayang gunungan iku tau dienggo pas ndalang ning Rusia taun 2018.

Menehi wayang gunungan sing paling disenengi iku dadi bukti yen Ki Anom percoyo satus persen marang Anies Baswedan. Merga, gunungan iku cen wayang spesial kanggo Ki Anom. Pas menehi wayang iku, Ki Anom nyelipne omongan:

“Moga Allah Ridho, jejer dadi Presiden RI,” ngendhikane Ki Anom.

Baca Juga : Sistem Pemerintahan Teokrasi, Pengertian dan Macam Dan Ciri-Cirinya

Ning istilah Jawa lan pewayangan, ukoro jejer lumrah dienggo. Jejer sing diomongke Ki Anom nganggo tembung “e” kaya dene ning ukoro lebih (basa Indonesia). Jejer isa diartekne cetho, jelas, utowo teges. Liyane dadi doa, maksud jejer ning kene yaiku tondo apik, utawa tanda sing cetha, jelas, kanggo Anies mlangkah nuju kursi Presiden.

Mbalik ning wayang sing diwenehi Ki Anom marang Anies, gunungan iki duwe makna simbol sing jeru. Gunungan dienggo bukak lan nutup cerita lakon wayang. Unikke meneh, gunungan sing diwenehke iku gunungan gapuran utowo kayon gapuran.

Kayon gapuran iku gambarke gapura utowo lawang gerbang istana. Kanggo wong sing sinau kabudayan Jawa, diwenehi gunungan gapuran iku simbol utowo sanepo dukungan Ki Anom kanggo Anies lumampah mlaku ning Istana Negara.

Ning dunya wayang, gunungan gapuran ugo nglambangke omah utowo negara, sing ning njerone kebak urip sing sarwa penak, tentrem, lan ayem. Simbol uwit gedhe njero gunungan kuwi ugo duwe makna apik, yokuwi pengarep-arep utowo kepinginan yen wong-wong oleh pengayoman saking Gusti Allah ben kabeh uripe kebak tentrem lan wilujeng slamet.

Baca Juga : Sistem Pemerintahan Demokrasi, Pengertian dan Ciri-Cirinya

Liyane sanepan utowo simbol sing diwenehke, Ki Anom Suroto ugo wenehi dukungan cetha kanggo Anies Baswedan supoyo dadi Presiden RI. Dukungan iku paling jos, mantep, lan istimewa, mergo diomongke langsung songko dalang paling kondang sak Indonesia.

Tulisan Terkait: